Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Aja Seneng Ngumbar Aib

Islam melarang perbuatan mengumbar aib atau keburukan, baik untuk diri sendiri maupun orang lain. Terlebih kini di zaman yang semua bisa diumbar dan diungkap secara luas di media sosial. Barang siapa yang ingin selamat hidupnya, hendaknya ia menjauhi perbuatan tersebut. Nabi sendiri mengingatkan bahwa siapa pun yang menutupi aib seorang, Allah akan menutupi aibnya di dunia dan akhirat.

 

Teks khutbah Jumat berikut ini berjudul, “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Aja Seneng Ngumbar Aib”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat (Redaksi)

 

 Khutbah I

 

 اَلْحَمْدُ ِللهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ. أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، اَلْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

 

Ma’asyiral muslimin, sidang Jumat rahimakumullah

Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalem kesahenan.
 

Mboten kesupen, manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet dados tiyang-tiyang ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala. Dawuhipun Allah Ta’ala:
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى، وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الْأَلْبَابِ
 

Artosipun: “Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal,” (QS Al Baqarah: 197).  
 

Para jamaah ingkang minulya

Wonten salah setunggal dhawuh saking para winasis, ingkang penting sanget dados pepeling kangge kita sedaya. Dhawuhipun mekaten: Slamete menungsa iku gumantung marang tingkahe ing dalem jaga lisan.
 

Lisan punika sejatosipun kados dene anggota badan sanesipun, inggih punika peparing saking Gusti Allah ingkang saget kita manfaatake kangge ibadah, maos Al Qur’an, dzikir, shalawat, lan sanesipun. Ananging, kathah ugi tiyang ingkang mboten saget gunaake lisan ing dalem kesahenan, malahan dingge perkawis ingkang awon, nyebar fitnah, ngapusi, ngrasani eleke wong liya, lan sanes-sanesipun. 
 

Padahal Gusti Allah swt sampun ngelingke, supaya manungsa padha ngedohi perkara awon ingkang sampun kasebat:
 

يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱجْتَنِبُوا۟ كَثِيرًا مِّنَ ٱلظَّنِّ إِنَّ بَعْضَ ٱلظَّنِّ إِثْمٌ ۖ وَلَا تَجَسَّسُوا۟ وَلَا يَغْتَب بَّعْضُكُم بَعْضًا ۚ أَيُحِبُّ أَحَدُكُمْ أَن يَأْكُلَ لَحْمَ أَخِيهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوهُ ۚ وَٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ ۚ إِنَّ ٱللَّهَ تَوَّابٌ رَّحِيمٌ 
 

Artosipun: “Hai wong-wong kang padha iman, sira kabeh pada ngadohono akeh-akehe penyana, sejatine sebagian saking penyana iku dosa (kaya nyana ala marang ahlil khoir), lan sira kabeh aja padha niti-niti celane wong-wong Islam, lan sebagian saking sira kabeh aja padha ngrasani marang liyane.
 

Apa demen ta, salah siji ira kabeh iku mangan daginge dulure mentah-mentah? Wis mesti sira kabeh ora padha demen. Sira kabeh padha wedi ing Allah Ta’ala, temenan Allah Ta’ala iku Kersa Nampi Taubate kawulane, tur Agung Welase marang wong-wong kang padha taubat,” (QS Al-Hujurat: Ayat 12).
 

Kanjeng Nabi Muhammad saw ugi sampun paring dhawuh, kaitanipun kalian larangan goleki aibe wong liya lan nebar kebencian:
 

وَلَا تَجَسَّسُوا وَلَا تَحَسَّسُوا وَلَا تَبَاغَضُوا وَكُونُوا إِخْوَانًا 
 

Artosipun: “Lan sliramu kabeh aja padha golek-golek aib (eleke) utawi niti-niti wong liya, aja padha nebar kebencian, dadiya sliramu kabeh wong-wong kang padha seduluran.” (HR Al-Bukhari). 
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Wonten ing KBBI utawi Kamus Besar Bahasa Indonesia, aib menika saget dipun maknani salah utawa keliru. Aib menika saget arupi keadaan fisik, utawi salah setunggale peristiwa ingkang sengaja utawi mboten dipun sengaja, ingkang saget dadosake isin tiyang menawi dipun ceritaake utawi diumbar marang wong liya.
 

Mula agami Islam, maringi aturan, supados padha ajrih menawi badhe nyebar aib. Sebab, kaya dene mangan bangkai sedulure dewe. Lan ugi siksa sanese kanggene wong kang nekat nglakoni larangan punika.
 

Kajaba ancaman, Gusti Allah ugi maringi iming-iming ganjaran kanggene tiyang kang gelem nutupi aibe dheweke utawa wong liya. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
 

وَمَنْ سَتَرَ مُسْلِمًا، سَتَرَهُ اللهُ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ 
 

Artosipun: “Sapa wonge kang nutupi aibe wong liya, mangka Allah bakal nutupi aibe wong mau ana ing dunya lan akhirat.” (HR Muslim). 
 

Pramila, mangga kita tansah eling-eling dhawuh saking Kanjeng Nabi punika, supados kita saget slamet utawi ditutupi aibe kita ing dunya lan akhirat.​​​​​​​
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Miturut nalar, mestinipun mboten wonten tiyang ingkang kepengin aibe dipun sebar utawa dingerteni marang wong liya. Ananging, wonten kahanan zaman sak menika, kathah sanget tiyang ingkang malahan ngumbar aibe dhewe ing media sosial, lewat tulisan, video, lan sanesipun.​​​​​​​
 

Mugi-mugi kita lan keluarga kita sedaya dipun tebihaken saking perkawis-perkawis awon menika, ing akhiripun kita saget pinaringan slamet ing dunya lan akhirat. Amin ya Rabbal Alamin.
 

جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِينَ الْآمِنِين، وَأَدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ. أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمانِ الرَّحِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا. باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ  
 

 

Khutbah II

 

  اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا، أَمَّا بَعْدُ. فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ، وَقَالَ تَعاَلَى: إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى، يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ، وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِىٍّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ​​​​​​​
 

 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali

https://islam.nu.or.id/khutbah/khutbah-jumat-bahasa-jawa-aja-seneng-ngumbar-aib-bz9xH